Sanguning Sesorah

Penilaian User: / 0
TerburukTerbaik 

Sanguning Sesorah

Pamedhar sabda inggih punika tiyang ingkang nindakaken ayahan medhar sabda. Dene medhar sabda punika medharaken utawi mahyakaken utawi ngandaraken utawi njlentrehaken sabda utawi suraos utawi isi utawi kawigatosan (amanat, message) dhateng sesami.

Ing serat Baoesastra Djawa impunanipun W.J.S. Poerwadarminta tembung medhar sabda dipuntegesi maten :

  1. .medhar sabda (basa rinengga) = sesorah
  2. wedhar (krama ngoko) = wetu, wudhar diwedharake (krama ngoko) = dibuka, diwengakake ; diwudharake, dijugarake; diwahyakake, diblakakake, diwalehake, dilairake, diandharake. Wedaharan = prakara sing diwedharake ; sesorah;
  3. sabda (Sansekerta, Kawi) = swara, gunem, tetembungan.

supados jejibahan saged kasil kanthi sae, Pamedhar sabda utawi Pranatacara kedah saged ngrengkuh sarat sarana ingkang baku, inggih punika:

1)Swara

Kedaling lisan kedah kagladhi, supados saged langkung cetha medaling suwanten. Pamedhar sabda kedah saged mapanaken utawi ngginakaken swanten ingrat awrat, cekapan, utawi inggil trep kaliyan swanten iringaning gendhing. Pengolahing swanten kedah wajar, cetha, tegas, mboten ketawis sangat menawi kaolah (mboten dipun damel-damel).

Wirama ugi kedah kagladhi kanthi saestu supados sekeca kamirengaken. Kados pundhi rindhik rikatipun, mandhap minggahipun, sampun ngantos kesesa, ananging ugi sampun ngantos nglentreh sanget.

2)Busana (ageman)

Ajining raga gumantung busana,mila babagan busana punika ugi kedah pun gladi saengga jejibahan pamedhar sabda saged kalaksanakaken kanthi sae. Anggenipun ngadi busana kedah kajumbuhaken kaliyan kaperluanipun wonten ing upacara punapa ingkang badhe dipun ayahi.

Jejering pamedhar sabda saged katingal nggenggreng menawi karengga ing swanten, raga, lan busana ingkang pantes. Pangudining busana saged ngetrapaken kaliyan rupi utawi wernining busana kaliyan kulit, sareng make up, saengga katingal pantes kaliyan papan panggenan, mboten nyolok tuwin samadya kemawon.

3)Subasita (trapsila)

Tramsila (tata krami) kedah pun gladi ingkang sae, amargi trapsila ingkang kirang, saged ngirangi kawibawanipun pamedhar sabda. Solah bawa sampun ngantos kadamel-damel (katingal dening ing asanes), langkung sae bilih solah bawanipun prasaja kemawon, anteng, manteb, ananging mboten kaken (kaku).

Ewah-ewahanipun pasuryan ugi kedah kaudi ingkang sadaya wau sageda nggambaraken isining penggalih, ingkang lajeng jumbuh kaliyan swasana. Sapertos, bilih wonten ing pawiwahan saha pahargyan pasuryan bingar sumringah lan ramah awit prastawa menika ngemu suraos suka, kabagyan saha kabingahan.

Wondene wonten ing sripah, pasuryan kedah mboten katingal bingar sumringah, amargi punika tamtu mboten jumbuh kaliyan swasana saha raos manah kulawarga ingkang nandhang duka sungkawa.

4)Basa lan sastra

Basa lan sastra ngawujudaken kabetahan ingkang baku tumrapipun priyntun ingkang nembe ngayahi tugas dados pamedhar sabda. Basa ingkang kaginakaken kedah miturut tuntunaning sastra ingkang leres. Pamilihing tembung, ingkang lajeng dipun ronce dados ukara kedah trep, luwes, sae, wusana sekeca kamirengaken ing asanes.

Kanthi pangertosan ingkang sae babagan basa tuwin sastra, pamedhar sabda saged ndapuk, mocap, tembung, ukara saha wacana kanthi leres tuwin laras.

Laras tegesipun pamedhar sabda saged ngrantam saha mbabar titilaksana trep kaliyan kawontenan saha swasana. Wondhene leres tegesipun pamedhar sabda saged ngginakaken basa ingkang trep kaliyan paramasastranipun.

Ancer-ancer Pakaryan Pamedhar sabda saha Pranatacara1.Ing babagan basa,mugi kaginakaken basa ingkang trapsila, wijang prasaja ananging gampil katampi dening para tamu ingkang midangetaken, sarta sekeca kapiarsa.

  1. Tanggap ing kawontenan, supados pahargyan saged regeng.
  2. Mangertosi rantaman-rantaman badhe tumapaking adicara kanthi premati, sarta kedah tanggap ing kawontenan.
  3. Mangertosi asma-asma para paraga ing saklebeting pawiwahan kanthi jangkep sakimbuhanipun.
  4. Tansah sesambetan kaliyan kadang pranata pita swara, supados nyemekaken gendhing-gendhing ingkang jumbuh kaliyan lalampahing adicara.
  5. Tansah sesambetan kaliyan poranparaning pawiwahan (ketua panitia), supados enggal mangertosi mbok bilih wonten ewah-ewahan adicara.
  6. Trengginas mutusaken samukawis murih pawiwahan mboten katingal kisruh.

alt

LAST_UPDATED2

 

baner


 

 

Info Pengunjung






 
  hit counter